Agustus 05, 2009

Kahanan Jati

Rehning ana kahanan jati, mula iya ana kahanan kang ora jati.
Isen-isening alam sak kutu-kutu walang ataga, kaya: gunung, bumi, srengenge, lintang, rembulan, manungsa, kewan, tetuwuhan; sarehne tinemune nalar maune ora ana, dadi kabeh mau satemene yo ora ana, mung: kadadeyan. Ora temen ana, utawa: kahanan gorohan.

ORA ANA APA-APA, MUNG ALLAH KANG ANA, YAIKU KANG ANA SABENER-BENERE.
KASEBUT: KAHANAN JATI, TEGESE: KANG TEMEN ANANE.

Tresna marang kahanan ndonya iku padhane nubruk ayang-ayangan, mangsa kenoa dicekel jer anane ora temenan. Kepencut marang kahanan ndonya iku kayadene mbungahi urubing kembang api: abang-ijo-kuning, tuwas dibungahi utawa anggone mbungahi kepati-pati jebul ilang tanpa lari.

Donya iku dalan, iya kudu diambah apa mesthine, nanging dudu samesthine yen dirungkebana.
Sing sapa ngambah dalan, kudu sumurup yen kang ana ing sangarepe iku sanajan diparanana, mung bakal diliwati bae.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar