Ya amarga wong ora ngerti sesuk, bisane mung ngira-ira, ngetung-etung nganggo sagaduking nalare, mula banjur kethukulan rasa wedi lan kuwatir. Rasa kuwatir mono ya ateges wus wiwit weruh marang isining bedhekan teka-ning dina sesuk, nek tiba begja kepriye, nanging nek tiba cilaka banjur kepriye. Saupama cilakane tiba mencit, banjur kepriye rekane. Iki sing marahi thukul rasa wedi lan kuwatir. Selagine wus ngerti sesuk wae, isih ana petungan: ukurane sepira. Nek begja sepira gedhene, nek cilaka ya sepira cilakane.
Prekara wedi lan kuwatir ngadhepi dina sesuk iku, underane sing lumrah gegayutan karo nasib panguripan kita ing sadina-dinane, kaya to prekara pangan, sandhang, papan, panggaotan, dhuwit pametu, tekan prekara kesarasan, waras, lara lan pati. Tetela underan iku kabeh dununge ana nggon ego (kepentingan pribadi).
Rasa wedi lan was kuwatir iku, yen ora dikendhaleni pancen bisa gawat. Pikiran bisa ngambra-ngambra, ati ora kepenak, mangan ora enak, ora bisa turu tansah ora jenjem, goreh, dheg-dhegan. Ora wurung rasa wedi lan kuwatir iku marakake lelara. Luwih-luwih sing pancen wus duwe bibit lelara, adhakane banjur kumat lan lelarane saya ndadi, ora mari-mari.
Ego Sentris
Pikir lan wawasan sing mung ngundher ana ing kepentingane pribadi: wiwit saka lahir, ajar mlaku, ajar guneman, sekolah, golek pegawean, nyambut gawe golek dhuwit, rabi, anak-anak, peputu, ngrembug bale omah, srawung nganti tekan mati, pancen akeh banget prekarane. Kanthi migunakake dalan bener wae, alangan lan resikone sadhabreg. Alangan/resiko iki mau mesthi nuwuhake rasa wedi lan was kuwatir. Kepentingan pribadi mono sambe kalane bisa kangelan, kisinan, kewirangan, ora kasembadan, apes, susah, nalangsa lan sapiturute. Mangka
sing tansah dikarepake yaiku: seneng, bungah, lega, kasembadan, sokur bage moncer, kena diumukake, pamer, dadi gumunane wong akeh. Dene kepleset, malah kosok balen, yaiku gagal-total, dipoyoki wong akeh.
Rasa lan pikir sing mung mburu butuhe dhewe (ego sentris), apa maneh sing nganti kebablasen: ora metung butuhing liyan, gawe rugining wong akeh, ora nyirik dosa apadene ora wedi marang Gusti Allah, yektine saya luwih gedhe maneh resikone. Apa sing dikarepake, nek bisa klakon mesthi wae bakal dinikmati dhewe, embuh ora weruh, pokoke abot telak lali sanak. Nanging kosok baline yen nganti ora bisa klakon, dadi gagal total, ora wurung abote bakal disangga dhewe, ya iki sing nukulake rasa wedi lan kuwatir mau. Apa maneh sing kulina umuk, adigang-adigung, sesongaran, sarwa egois, ngedir-edirake marang liyan, mengko tumekaning nasib ala, ora mung bakal disokurake dening wong akeh, nanging saka rasa-rumangsane dhewe wus kuwelah. Rumangsane angger wong nyawang dhewekke karo ngisin-isin. Mula Rasa wedi lan kuwatir mau kalebu wedi karo layangane dhewe.
Mbuwang Rasa Wedi lan Kuwatir
Sing duwe hipertensi, sing duwe cacat jantung, sing duwe migren, angger ketuwuhan rasa wedi lan kuwatir merga maca koran krungu kabar-kabar ana demo, ana gerakan rasia lan sabangsane kuwi, adhak ane banjur kumat. Pancen ora gampang nyingkirake rasa wedi lan kuwatir kuwi. Bab-bab sing bisa nuwuhake rasa wedi lan kuwatir mau kudu dilalekake. Rasa lan pikiran kudu dienggokake marang bab-bab sing mbungahake. Luwih prayoga yen golek hiburan liya, maca buku-buku, ngrungokake lagu lagu lawas, ndeleng sinetron lan sapanunggalane. Supaya bisa nglalekake prekara-prekara sing nggodha pikiran, luwih prayoga yen banjur gegojegan karo anak-putune dhewe, bisa cedhak karo kulawarga, tur ora gawe seriking liyan.
Tetela nggagas lan mikir prekaraprekara sing becik, sing positip, pancen kudu dikulinakake. Aja pisan-pisan seneng ngudhar gagasan ora becik, luwih prayoga ngudar gagasan sing becik-becik. Awit sing sapa was malah bisa tiwas. Kosok baline seneng mikir becik, nadyan mung kaya ngimpi, nanging sing dhasare mula wong becik, sing dhemen guneman becik bisa mandi dening guneme dhewe.
Wedi lan kuwatir kudu dibuwang sing adoh saka pikiran kita. Mula saben dinane kita kudu ditansah bungah lan gumbira. Ati bungah lan gumbira iki pancen kudu digawe, dikulinakake. Kaya dene esem, yektine ya kudu digawe lan dikulinakake. Wong mesem mono carane pipi kudu ditarik munggah sawatara. Ana sangareping kaca pangilon luwih cetha kita bisa ngulinakake kaya mengkono. Tetela wanda iki bisa luwih becik lan sumringah yen mesem, ora njegadul. Selagine disawang wale ya luwih becik. Sing nyawang mesthi bakal melu seneng. Coba yen pipi iki ditarik mudhun, ora susah ditarik wale perangan-peranganing awak iki kabeh mesthi ketarik mudhun. Iku sing marahi tuwa/ketok tuwa. Mulane sapa sing kepengin ketok awet anom, perangan-peranganing badan kudu ditarik munggah, kaya teknik masase ana ing salon-salon kecantikan. Sing seneng lan ngulinakake mesem mesthi awet enom, katon sumringah sarta ya luwih akeh tepungane jalaran akeh sing nyenengi.
Manembah sarta Asih Sesamaning Dumadi
Sing duwe watak egosentris, utawa egois, mburu butuhe dhewe, wusanane uripe tansah diuber-uber dening rasa wedi lan kuwatir. Ora mung wedi karo wong-wong liya sing ora seneng, nanging kerep-kerepe ya wedi karo layangane dhewe. Mula kuncine supaya ora wedi lan ora kuwatir, ora mung kudu pinter endha, nanging sing luwih
cespleng yaiku: kudu manembah marang Gusti Allah mituhu karo dhawuh sabdane sarta nyirik marang sawer-naning larangan sing di dhawuhake.
Kanthi mangkono kita tansah bisa ngaturake panuwun syukur marang berkahing Gusti. Berkah sing kita tampa saben dinane iku ora mung kecukupan sandhang-pangan lan papan, duwe pagawean, duwe pemetu kena kanggo ngingoni anak-bojo. Selagine bisa ambegan longgar kuwi wale wus wujuding berkah sing gedhe. Kejaba panembah, uga ingsabisa-bisa kita kudu bisa mbuktekake tansah sumuyud marang Gusti, kanthi ngenggoni watak asih sesamaning dumadi. Nresnani marang sakabehing titah, kaya dene nresnani marang awake dhewe.
Manembah marang Allah, asih sesamaning dumadi mau, bebasan ora susah cucul dhuwit, ora kelangan apa-apa. Awit kabeh-kabeh mau mesthi bisa kita lakoni jalaran Allah piyambak wus maringake. Asih iku wus diparingake Allah marang kita, sadurunge kita suwun. Ya semono gedhening sihing Allah marang umate, sauger kita padha wedi marang Panjenengane.
Sing sapa manembah marang Allah lan asih sesamaning dumadi, rasa lan pikiran wedi karo kuwatir mau ilang karepe dhewe. Ora bakal ana sing diwedeni lan ora ana maneh sing bakal dikuwatirake, awit urip kita wus sumarah/sumeleh. Wong sumeleh iku duwe rasa narima ing pandum. Tansah caos syukur marang berkahing Gusti.
Wong sing ati lan pikirane wus bisa sumarah, sumeleh, nrima ing
pandum, bakal bisa ngrasakake menawa uripe ora kamomotan, ora ana sesanggan abot, ora ngrasakake kesel. Ora nyangga utang, ora tau rumangsa dioyak-oyak mbayar wajib, jalaran samubarang wus bisa dibayar sah. Sukur bage yen ora mung wus bisa nglunasake utang, nanging isih bisa aweh dana-driyah, ora mung aweh dhuwit, dana-beya, nanging uga sing wujud aweh kabecikan marang liyan. Iku ya wus mujud ake celengan, bisa ngentheng-enthengi momotan kita. Nganti tekan ngimpi wale, ora ngimpi dioyak-oyak mbayar utang/ditagih utang, nanging ngimpi tampa hadiah utawa ngimpi nampani dhuwit saka wong-wong sing tau kepotangan. Rasane mesthi bungah, ora ana rasa wedi lan kuwatir.
Dene werdine wong sing wedi-asih marang Gusti Allah sarta asih marang sesamaning dumadi mono mesthi wae mujudake wong saleh, wong sing duwe laku utama, tansah gawe tuladha becik. Ya wus samesthine yen uga kajen-keringan ditresnani wong akeh. Ya wong mengkono kuwi sing cedhak karo Gustine, sarta binerkahan ana ing uripe. Sing sapa bisa ngaturake panuwun syukur marang Pangeran amarga wus binerkahan, uga bakal dadi lantaraning berkah mau marang sapadha-padha, nganti lakuning berkah saka Allah iku kaya mbanyu mili.
(Sumber: Jaka Lodhang No.45 tanggal 11 April 2009 dening Sudomo Sunaryo)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar