Mei 23, 2009
Wangsite Sunan Kalidjaga
IKI WANGSITE KANGDJENG SUSUHUNAN KALI DJAGA AMRATELAKAKE KANG BAKAL KALEKSANAN ING SADJRONING DJAMAN KARAHMATUTLAH
Ing atasing 'aral Basarijah kabeh, jekti pada nandang Zawalijah, tegese : pepalanganing manusa iku pada kena owah gingsir, ija iku dadi pratandane apesing kawula, kajekten ing dalem 'Adamchukmi, katon saka pangrasa kaja ing ngisor iki:
I. Kang dihin; awit katon 'alam Rochijah, tegese `alaming njawa. apadang dudu padanging rahina, tanpa keblat lor, wetan, kidul, kulon, tengah, ngisor, tuwin duwur, ing kono andulu sagara tanpa tepi, iku wahananing ati, kawimbuhan tjahjaning uteg; satengahing sagara katon ana durjat pantjamaja, tegese sesotya saka osik limang warna, kaja tedja gumawang tjahjane, iku wahananing djantung, kawimbuhan tjahjaning djohar awal, ija iku manik, kang pantjamaja bandjur nglimputi djatining ati, dadi pangareping sarira, djumeneng ana tengahing samodra kang tanpa tepi mau, ernpane angawasake dumunung ana ing tjipta, papand anjidikake among dumunung ana pandulu, pangrungu, pangganda, pamirasa miwah pangrasa, sadjroning tjipta bandjur sarupa djalma, diaran mukasifat, dene kawasane amung nuntun saliring sifat kabeh; ing nalika iku adja nganti kasamaran marang panengeraning rupa kang suwidji, ija rupa kita pribadi djumeneng 'alip muta kalimun wakit', tegese sifat kang angandika seketjap tanpa karana lesan: ing kono dimantep ing iktikad, sebab wajanganing roch wis ngatoni sadjroning pramana, ija roch kita pribadi, sampurnane anunggal kahanan marang 'alaming rahsa, ija rahsa kita pribadi.
II. Kang kapindo, sasirnaning 'alam Rochijah katon 'alam Sirijah, tegese 'alaming rahsa, padange angluwihi padanging 'alam Rochijah, ing kono tekaning tjahja patang warna, ireng, abang, kuning, putih, iku wahananing budi angetokake kakananing napsu hawa patang prakara, kang pada dadi durgarnane rahsaning ati, katon tumaruntun sidji-sidji;
1) Kang wiwit katon disik tjahja ireng, iku kahananing nafsu Luamah, hawane ing nalika urip amarakake dahga, urip luwe sapanunggalane, wahanane ing waduk, wahjane saka lesan, kadadijane ing sadjeroning tjahja ireng, katon saliring sato kewan miwah gegremetan, pada anggora-goda kaja anganggep Pangeran, prabawane bumi gondjing, araning nafsu diarani 'alan Nasut, tegese lali; poma dienget sarta santosa, adja nganti korup ana sadjeroning tjahja ireng, bokmanawa nitis marang sato kewan miwah gegremetan.
2) Ora antara suave tjahja ireng sirna, nuli katon tjahja abang, iku kahananing nafsu Amarah, hawane ing nalika urip amarakake durga angkara, panasten, deduka sapanunggalane, wahanane ing rempelu, wahjane saka karna, kadadijane tjahja abang, katon saliring budi srani miwah brekasakan, ija pada anggora-goda kaja anganggep Pangeran, prabawane geni gede murup angalad-alad, 'alaming nafsu diarani 'alaming Djabarut, tegese asreg, ing nalika iku panggonanirg rekasa, poma disareh sarta santosa, adja nganti korup ana sadjeroning tjahja abang, bokmanawa nitis marang brekasakan.
3) Ora suwe tjahja abang sirna, nuli katon tjahja kuning, iku kahananing nafsu Supijah, wahanane ing nalika urip amarakake murka, pepenginan, pakareman sapanunggalane, wahanane ing limpa, wahjane saka netra, kadadijane sadjeroning tjahja kuning, katon saliring manuk miwah bangsaning iber-iberan, ija pada anggora-goda kaja anganggep Pangeran, prabawane angin pantjawora gede, `alaming nafsu diarani `alam Lahut, tegese gingsir; ing nalika iku panggonaning renggang saliring anggotaning sarira, poma ditetep sarta santosa, adja nganti korup ana sadjeroning tjahja kuning, bokmanawa nitis marang manuk miwah bangsa iber-iberan.
4) Ora suwe tjahja kuning sirna, nuli katon tjahja putih, iku kahananing nafsu Mutmainah, hawane ing nalika urip amarakake lobaning kautaman sapanunggalane, kajata : anglakoni pudjabrata kang kalantur-lantur ora mawas watara, wahanane ing balung, wahjane saka ing grana, kadadi.ane ing sadjroning tjahja putih, katon saliring iwak loh miwah bangsaning buron banju ana sagara rahmat, ija pada anggora goda kaja anganggep Pangeran, prabawane banju bening tanpa sangkan, `alaming nafsu diarani 'alam Malakut, tegese karaton; ing nalika iku panggonane uninga karaton, kang rinakit maha mulia. Adja nganti korup ana sadjeroning tjahja putih, bokmanawa nitis marang iwak loh utawa bangsaning buron banju.
Mungguh sarnpurnane papat pisan iku pada anunggal kahanan marang 'alaming tjahja, ija tjahja kita pribadi.
III. Kang kaping telu, sasirnaning `alam Sirijah katon `alam Nurijah, tegese 'alaming tjahja, padange angluwihi padanging 'alam Sirijah, ing kono tekaning tjahja mantjawarna, ireng, abang, kuning, putih, idjo, gumelar bareng pada katon karaton sarwa raras kabeh iku wahananing pantjadrija, kawimbuhan tjahjaning pramana, `alaming pantjadrija diarani `alam Idajat, tegesd pituduh, dene anuduhake panggonane nalika gumelaring karaton, ananging dudu sadjatining karaton kang rinakit maha mulja, ija iku karatoning panasaran, kajata:
1) Karaton kang katon ana sadjeroning tjahia ireng, iku karaton dzating sato kewan miwah gegremetan.
2) Kang ana sadjeroning tjahja abang, iku karaton dzating brekasakan.
3) Kang katon ana sadjeroning tjahja kuning, iku karaton dzating manuk miwah iber-iberan.
4) Kang katon ana sadjeroning tjahja putih, iku karaton dzating iwak loh miwah buron banju.
5) Kang katon ana sadjeroning tjahja idjo, iku karaton dzating tetuwuhan.
Nuli ing nalika iku ana kapijarsa swara kaja tangising baji nalika lahir, bandjur mangsit anuduhake karaton kang agung kang maha mulja, poma didjinem sarta santosa, adja nganti anjipta milih salah sawidjining karaton, bokmanawa kalebu ing karaton panasaran.
Mungguh sarnpurnane kang katon mangkono iku pada anunggal kahanan dadi tjahja wening ana sadjeroning alam Nurijah uga.
IV. Kang kaping pat, isih sadjeroning `alam Nurijah, ing kono katon tjahja wening, sadjeroning tjahja ana urub sawidji angadeg sasada lanang gedene, darbe sorot wolung warna, ireng, abang, kuning, putih, idjo, biru, wungu, dadu, gumelar bareng dada katon sawarga sarwa asri kabeh: iku wahanane warnaning pramana, kawimbuhan dening suksma, 'alaming pramana diarani `alam 'Iskat, tegese birahi, dene panggonane rumasa brangta marang gumelaring swarga, ananging dudu sadjatining swarga kang maha suktji dudu panggonan kang nikmat manfa'at rahmat, ija iku kahjanganing djin kabeh, amung panggonan kamukten bae, kajata:
1) Swarga sarwa ireng meles meleng-meleng mimba mustikaning burni, iku kadadijane saka nistaning tjipta, jen djumeneng ing kono bokmanawa dadi ratuning djin ireng.
2) Swarga sarwa abang abra marakata, mimba sesotya genijara, iku kadadijane saka dustaning tjipta, jen djumeneng ing kono bokmanawa dadi ratuning djin abang.
3) Swarga sarwa kuning sumunar mimba retna dumilah, iku kadadijane saka doraning tjipta, jen djumeneng ing kono bokmanawa dadi ratuning djin kuning.
4) Swarga sarwa putih maja-maja wenes mimba manik maja, iku kadadijane saka sedyaning tjipta, jen djumeneng ing kono bokmanawa dadi ratuning djin putih.
5) Swarga sarwa idjo angenguwung pinda manik tindjomaja, iku kadadijane saka santosaning tjipta, jen djumeneng ing kono bokmanawa dadi ratuning djin idjo.
6) Swarga sarwa biru mujek mimba manik nila pakadja, iku kadadijane saka sambawaning tjipta, jen djumeneng ing kono bokmanawa dadi ratuning djin biru.
7) Swarga sarwa wungu menges mimba manik pusparaga, iku kadadijane saka santosaning tjipta, jen djumeneng ing kono bokmanawa dadi ratuning djin wungu.
8) Swarga sarwa dadu muntjar mimba mirah dalim, iku kadadijane saka owah gingsiring tjipta, jen djumeneng ing kono bokmanawa dadi ratuning djin dadu.
Ing nalika iku mambu gandane sakehing kajangan mau, amrik arum angambar kaja anarik rahsa, poma adja nganti karasakake, bokmanawa kalebu swarga panasaran.
Mungguh sirnane kang katon mangkono iku, pada anunggal kahanan dadi tjahja mantjur ana sadjeroning 'alam Uluhijah, ija isih tjahja kita pribadi.
V. Kang kaping lima, sasirnaning 'alam Nurijah katon 'alam Uluhijah, ija 'alam Ilahjah, tegese 'alam Nurijah, ing kono katon tjahja mantjur; sadjeroning tjahja ana sipating rerupan kaja tawon gumana, djumeneng ing makam pang, tegese panggonan waskita, iku warnaning suksma kang amimba saliring warna kabeh, anglimputi sakubenging djagad tjilik djagad gede saisen-isene, uripe saka pramaning rahsa; nalika iku katekan malaekat warna bapa kaki sapanunggalane leluhur saka lanang, angaku utusaning dzat Kang Maha Suktji kinon angirid marang Kalaratu'llah; poma disantosa, adja nganti angimanake, sabab iku af'aling suksma kita pribadi.
Mungguh sampurnane kang katon mangkono iku, pada anunggal kahanan dadi tjahja mantjorong ana sadjeroning `alam Uluhijah uga, ija tjahja sira pribadi.
VI, Kang kaping nem, isih sadjeroning 'alam Uluhijah, sangsaja wuwuh padange, ing kono katon tjahja mantjorong, sadjeroning tjahja ana sipating rerupan kaja golek gading, asawang peputran mutyara, dudu lanang dudu wandu, djumeneng ing makam baka, tegese panggonan langgeng; iku pramaning rahsa kang amurba amisesa ing 'alam kabeh, ananging uripe saka dzating atma, ing nalika iku katekan widadari warna bijung nini sapanunggalane leluhur saka wadon, angaku utusaning dzat Kang Maha Suktji, kinon angirid marang Kalaratu'llah; poma disantosa, adja nganti angimanake, sabab iku af'aling rahsa kita pribadi.
Mungguh sampurnane kang katon mangkono iku, pada anunggal kahanan dadi tjahja gumilang tanpa wewajangan, ana sadjeroning 'alam Uluhijah uga, ija isih tjahja kita pribadi.
VII. Kang kaping pitu, isih sadjeroning 'alam Uluhijah, tanpa kira-kira padange, ing kono ora katon apa-apa, amung tjahja gumilang tanpa wewajangan, iku wahjaning atma sadjati, anunggal tjahjaning dzat Kang asipat Esa, ora arah ora enggon, tanpa kanta rupa warna, sepen saka ganda swara, amung waluja kaja kadim azali abadi, kadadiane saka atma kita asarupa Maha Mulja, kang amurba amisesa, kang kawasa anitahake saliring `alam, kang anglimputi ing `alam kabeh, apranawa mengku saliring makam sampurna, urip dewe ora ana kang ngurupi, dibasakake: 'kajun bi la raochim', tegese urip tanpa njawa, ija iku kadadiane tadjalining Gusti kang Maha Suktji Sadjati, kang amung dzate, kang wisesa asmane, kang sampurna af'ale, dumunung ing urip kita pribadi: ing kono margane `ibarat: konusing tjuriga supana, anglimputi kaju urip kang sadjati, amawa tanda kasatmata ing dalem tjipta kaja gebjaring tjaleret, metu saka badan kita pribadi: ija iku sampurnaning ketek sadjeroning utek, bareng karo sampurnaning atma dadi tjipta, sampurnaning tjipta dadi kawasa, sampurnaning kawasa dadi purba, sampurnaning purba dadi wisesa, sampurnaning wisesa dadi waskita; bandjur ora mawa antara Pamoring Kawula Gusti, apulang kajun ing dalem Muchammad Hakiki, tegese tunggal urip ana sadjeroning tjahja sedjati, kang gumilang tanpa wewajangan; ija iku durjating urip kita, bali marang durjat mulih dadi sadjatining dzat mutlak kang kadim azali abadi, dibasakake 'kajun bidaraeni', tegese urip, ing kahanan loro, ana ing `alam Sahir kita urip, ana ing 'alam Kabir ija urip, dumunung ing kalarat kita kang sedjati, langgeng ana sadjroning kahanan kang maha mulia sarwa nikmat manfa'at rahmat tanpa karana, tegese apa kahananing kono metu saka kodrat kita kabeh; pada sanalika bandjur rumasa waluja dadi dzating Gusti Kang Maha Sutji Sedjati Asipat Esa, Ing kono bakal kajekten udjaring babasan.
Dene kajekten manawa aningali tanpa netra mung waskitane kang uninga amijarsa tanpa karna, ija iku amung wisesa, angganda tanpa grana, mung purba, angandika tanpa lesan, ija iku amung kawasa, ing satemah wus sarwa kawasa, mengku purba wisesa sarta waskita, ora kasamaran marang kang gaib-gaib, sarta enget wewentehan marang saniskaraning purwa madya wasana.
Panemune Pudjangga Ranggawarsita, kang kawasitakake marang para siswa-siswane: "Adja uwas sumelang ing ati". Ing wekasan sumangga, angon-angon ana ing karsa, katarima ana ing saria. Sarehning aku mung sadarma ngimpun sakehing 'ilmu saka wewedjanging guru sawidji-widji, pangrasaning atiku win genep etunge, kuranpa kaja ora akeh.
Ewadene dek bijen ana kang dadi pangunguning atiku, ing sadurunge kadjaten teka saka guru, ija iku amung bab pepangkataning sakaratilmaut, sadjeroning `adamchukmi, teka mawa pangrasa samubarang, kang andadekake durgamaning sangkan-paran, panemuning atiku kaelokan temen, dene teka dahat antan-antan mawa anjrantekake pepangkating tontonan sawidji-widji, manawa temena kalakon mangkono, saiba enggone kapienaken ing pangrasa, marang tontonan iku. Kala samana aku bandjur amiterangake marang Kaki Guru; wangsulane kaja ing ngisor iki:
Sira iku djebeng! andupara manawa rupaka ing pambudi, ananging amung lagi kadung saka panimbanging pamatara. Wruhanira, kang kapratelakake ana ing pepangkataning sakaratilmaut iku, minangka pituduh marang wong mukmin 'am, supaja sumurupa kang bakal kaleksanan ing delahan, bebasan: sabetjikane anglakoni tanpa tuduh, sejekti prajoga kang weruh nganggo sesurupan, `ibarate kaja wong desa arep seba ing ratu, ana kang anuduhake margane lumebu marang kadaton, winarah awit saka Pangurakan, nuli angambah ing Galadag, nuli angambah ing Alun-alun, nuli angambah ing Waringin-Kurung, manawa metu ing Sitinggil nuli angambah ing Pagelaran, nuli angambah sadjeroning Sitinggil, nuli angambah ing kori Bradjanala, nuli angambah ing Kamandungan, nuli angambah ing kori Srimanganti, nuli angambah ing Plataran djeroning Pura, ing kono manawa ana begdjane bisa marek ing abjantara Nata. Dene kang kambah mau kabeh sajekti pada kadulu isen-isene, sarta ana kang dadi larangane dewe-dewe.
Pae kang wus parek ing Ratu, sebane ora susah nganggo pituduh, ladju bisa marang abjantara Nata bae.
Kaja mangkono uga ing djaman sakaratilmaut, manawa wong kang wus tinitah dadi mukmin kas, saka katarima lakune dewe, sajekti bisa angesti tjipta tjantjude amatrapake Pandjenenganing dzat, supaja ora karasa apa-apa, lan adja kongsi katon sawidji-widji, ladju kawasa mandjing marang sadjeroning 'alam Uluhijah kewala, anunggal kahanan lawan Pangeran Kang Maha Suktji ana ing dalem tjahja gumilang tanpa wewajangan, ija tjahja kita pribadi.
Samono iku terange pisan wus kasebut ing kijas jasan-dalem Ingkang Sinuhun Kangdjeng Sultan Agung, ing nalika karsa amrajoga patraping sangkan paran, metu saka ilhaming panggalih dalem, kekeran sadjati .mufakat kalawan kanjatahane, kaja kang kotjap riwajat duk Iman Rochanijah Djapar Sidik ing tanah 'Arab, wus anglakoni seda ing dalem sadina, wekasan bisa sugeng maneh. Iku njaritakake kang katingal awit angangkat karaos mingsed rahsaning atma, ing sabandjure kongsi tutug ing sadjeroning 'alam Uluhijah, tekaning widadari. Ingkono Iman Rochanijah Djapar Sidik, kasmaran marang widadari iku. rahajune kaemutake bandjur djinatenan, manawa meh andungkap ing kahanan maha mulja, sadjeroning tjahja gumilang tanpa wewajangan, ananging durung rnangsane bisa tumeka ing kono, wekasane Iman Rochanijah Djapar Sidik bali marang 'alam donja, nganggo tinuduhake dedalan kang bener, sarta winarah djatining saniskara kang katingalan kabeh.
Iku kamulane Iman Rochanijah Djapar Sidik katjarita bisa wungu saka ing seda, ladju kasebut Rochanijah, tegese njawa akeh, murade binasakake sugih njawa. Manawa ing tanah Djawa Kangdjeng Susuhunan ing Kalidjaga, ija mangkono uga. Ananging bisa anantjudake ing pangukudan, sartane ladju muksa dadi Rizalu'llah Gaib, kongsi ing saprene iki.
Ana wangsite kang winarahake, manawa rumasa kaliru pangarah kita ing tembe, patrape sadjeroning tumiba ing `alam panasaran iku, amung meneng sarta santosa, ing kono sirnaning beka rentjana, bokmanawa ladju bisa tutug ing kahanan kita kang sadjati.
Bareng Kaki Guru wis sadjarwa mangkono iku, teka anarima rasaning atiku (Pudjangga Ronggawarsita), dene mundak terang ing sesurupan saka oleh parmaning Pangeran Kang Maha Suktji.
(petikan saka: "Kitab Mantra Yoga" dening Ki Trunarimong & Sang Indradjati
kaetjap kaping VI tahun 1956)
Labels:
Spiritual
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar