Juni 11, 2009

Geguritan

Tan Kemba Ilining Tresna

natkala sepisanan sliramu rawuh, nimas
ing plataraning atiku iki
ngujiwating esemmu kuwawa nggonjingake jagading rasaku
kang gumulung geleng anglari sumempyoking banyu sengsem
kang dak antu ing gisiking tlaga wening
ing wewengkon gumrininging pasuryanmu

natkala sliramu anyandhi sengsem, nimas
ing wungkulaning atiku iki
nyuntak rasa anglarung wijiling tresna
ngrenda gumebyaring pangentha-entha
ngrukti jumbuhing atiku lan atimu
nyandhi pepethan kang karob segara madu

natkala atiku lan atimu amiwaha endahing tresna
lelumban ing lumahinh rembulan
sliramu oncat ngawiyat
bareng sumiliring angin sowan Hyang Widi

tinggalana aku esem ngujiwatmu, nimas
bisoa dak anggo ngeneng-enengi tangisku
tinggalana aku endahing kasulistyanmu, nimas
bakal dak larung ing sendhanging rasaku
dak aturi rawuh ing pangangenku, nimas
ing saben panrawang nglambrang ing awang-awang

paseksen tumapaking ubaya
tan kemba ilining tresna
-- Djaka Lodhang, Juni 2009

Tidak ada komentar:

Posting Komentar